Thursday, October 30, 2008

TEMBUNG LAN JENISE

Tembung dumadi saka wanda. Wanda dumadi saka aksara. Tembung kena kanggo ndapuk ukara.
Gatekno katrangan ing ngisor iki !

AKSARA ---------- WANDA ---------- TEMBUNG ------------- UKARA
(HURUF) (SUKU KATA) (KATA) (KALIMAT)

Miturut golonganing, Tembung kaperang dadi 10 warna, yaiku :
1. Tembung Aran (Kata Benda)
Yaiku tembung kang nudhuhake marang wujude barang utawa araning barang.
Contone : montor, mobil, sepatu, bangku, klambi, ember, buku, sepur, montor mabur, lan sapiturute.

2. Tembung Kriya (Kata Kerja)
Yaiku tembung kang nudhuhake marang tindakan utawa salah sawijine kegiatan.
Contone : maca, mangan, mlaku, nonton, nyapu, nulis, nggambar, lan sapiturute.
a. Andi lagi maca majalah.
b. Bapak lagi nonton tv.


3. Tembung Ganti (Kata Ganti)
Yaiku tembung kang fungsine kanggo ngganteni benda utawane manungsa.
Contone : kowe, aku, adik, bapak, dheweke, lan sapiturute.

4. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Yaiku tembung kang nudhuhake marang angka utawane wilangan.
Contone : siji, loro, papat sepuluh, enem, satus, lan sapiturute.

5. Tembung Sipat/Kahanan (Kata Sifat)
Yaiku tembung kang nudhuhake marang sipate manungsa, kewan, barang utawa kahanan kang ana.
Contone : gagah, gemagus, putih, peteng, padhang, sregep, kuru, sugih, lan sapiturute.
a. Andi bocah sing sregep.
b. Kulite pancen putih tenan.

6. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Yaiku tembung kang nudhuhake panggonan.
Contone : kana, kene, ndhuwur, ngarep, mburi, ngisor, wetan, kidul, lan sapiturute.
a. Bukumu ana ing ndhuwur meja tulis.
b. Umahe Ahmad nang wetan kali.


7. Tembung Seru/Pangguwuh (Kata Seru)
Yaiku tembung kang fungsine kanggo nguwatake lan ditandani nganggo tanda penthung (!).
Contone : adhuh !, ah!, tulung!, wah!, lan sapiturute.

8. Tembung Sandhangan (Kata Sandhang)
Yaiku tembung kang nudhuhake marang drajat sing disandhang.
Contone : Kyai, Raden, Rara, lan sapiturute.
a. Raden Patah
b. Pangeran Diponegoro

9. Tembung Penyambung (Kata Sambung)
Yaiku tembung kang fungsine kanggo nyambung tembung liyane.
Contone : sarta, lan, wusana, lan sapiturute.
a. Wusana cekap samanten.
b. Andi lagi maca lan nulis

10. Tembung Pengarep (Kata Depan)
Yaiku tembung kang panggonane nang ngarepe sawijine tembung liyane.
Contone : saka, ing, menyang, sing, lan sapiturute.
a. Bapak tindak menyang sawah.
b. Ing wayah esuk.


No comments: