Saturday, April 25, 2009

Sejarah Banyumas


Babad Banyumas ora bisa dipisah karo sejarah Kerajaan Galuh Purba (dibangun adoh sedurung abad 5 Masehi). Kerajaan kiye dibangun nang sekitar Gunung Slamet ning bar kuwe pusat kerajaane pindah maring Garut - Kawali (abad 6-7 Masehi) mbentuk utawa ngelanjutaken pemerentahan nang Kerajaan Galuh Kawali. Kerajaan Galuh Purba kuwe dibangun pendatang-pendatang sekang Kutai, Kalimantan ning sedurung agama Hindu melebu nang Kutai. Keturunan-keturunan Kerajaan Galuh Purba kiye nerusna pemerentahan Kerajaan nang Garut - Kawali (Ciamis) sing wis duwe budaya Sunda, terus sebagian campur darah karo keturunan Kerajaan Kalingga (Jawa Tengah). Campur darah (perkawinan) kuwe juga berlanjut dong masa Kerajaan Galuh Kawali dadi Kerajaan Galuh Pajajaran sebab akeh perkawinan antara kerabat Keraton Galuh Pajajaran karo kerabat Keraton Majapahit (Jawa), lha keturunan campurane kuwe sing mbentuk Banyumas.
Babad Banyumas juga ora bisa dipisah karo sejarah Kerajaan Galuh Kawali sing wilayah kekuasaane ngeliputi lewih separo wilayah Jawa Tengah siki (kemungkinan tekan Kedu lan Purwodadi), dadi termasuk juga wilayah Banyumasan.
Babad Banyumas juga ora bisa dipisah sekang pribadi Raden Joko Kahiman (putra Raden Banyak Cotro, putu Raden Baribin), sing duwe sifat utawa watek-watek satria.

Babad Banyumas juga ora bisa dipisah karo babad Kadipaten-Kadipaten lan Kerajaan-Kerajaan nang wilayah Banyumas lan sekitare antarane Kadipaten Pasir Luhur, Kadipaten Wirasaba, Kadipaten Bonjok lan liya-liyane.
Babad Banyumas juga ora bisa dipisah karo babad Kerajaan-Kerajaan utama nang Jawa Tengah lan Jawa Barat antarane Kerajaan Tarumanegara, Kerajaan Kalingga, Kerajaan Pajajaran, Kerajaan Mataram, Kesultanan Demak, Kesultanan Pajang lyy.
Babad Banyumas juga ora bisa dipisah karo legenda-legenda lan mitos-mitos Banyumasan antarane: Raden Kamandaka, Wijayakusuma, Ciung Wanara, Goa Jatijajar lan liya-liyane.
Makna Kata Banyumas
Kosakata Banyumas kuwe duwe makna sing luas lan dalam. Kata pertamane ialah: Banyu, ialah bandha sing duwe keunggulan antarane:
Banyu mili: mengalir anteng, ajeg, ora mandeg sedurung entong, ora tau nerjang bandha-bandha sing ngalangi artine angger ana watu utawa wit sing ngalangi malah nyingkir. Kuwe maknane bisa urip rukun lan gelem ngalah sing penting prinsipe tetep maring tujuan. Banyumili juga gesit lan tangkas, kabeh mesthi bisa diliwati ngantek tekan tujuane. Tujuane ialah enggon sing paling dasar, paling prinsip utawa sumber banyu, sumber urip ialah segara. Makna Banyumili: Angger pengin dadi pemimpin kudu kaya banyu, ketone ora duwe daya, ningen manfaate kanggo dasar urip, duwe kekuatan sing luar biasa, teguh maring prinsip, manfaat kanggo lingkungan lan sesama sing urip, ming rakyat lan ming sapa baen sing butuh.
Segara: ketone lebih amba kekuasaane tinimbang kali, kuwe merga banyune lewih akeh. Ning anehe, segara kuwe mesthi anane nang ngisor kali, kali mesthi lewih duwur posisine. Makna Segara: Legitimasi kekuasaan kuwe awale sekang sikap sing andhap asor lan siap ngelayani rakyat cilik. Kabeh mengko mesthi ana imbalane yakuwe imbalane mengko kekuatane dadi siji ngumpul nang segara.
Cermin: sifat banyu juga kanggo ngaca. Mulane angger pengin dadi pemimpin sing apik kudu bisa dadi teladan, duwe tindak lan tingkah sing apik, mengutamaaken laku utama, ben bisa dadi conto rakyate juga wani introspeksi kanggo ndadani kesalahan dhewek.
Ngalir mengisor: kiye sing paling utama, nek mengungsa kudu bisa ngaweh kesenengan, kegembiraan ming sesama menungsa juga ming sesama sing urip juga lingkungan, kiye maknane ngelayani sing lewih akeh, rakyat lan alam. Kabeh manfaate dudu kanggo sing nang duwur bangsane pejabat kuwe ningen manfaate kanggo sing nangisor, rakyat jelata.
Kata ping pindone ialah: Mas utawa emas.
sumber : http://map-bms.wikipedia.org

No comments: